Niyat ingsun ngaji, sing jeneng ngaji iku nular kaweruh belajar kepinteran agama Islam sing munggueh gusti Alloh, lan utusane gusti Alloh. Yoiku agomo kang cocok karo dawueh Qur’ane gusti Alloh, lan Hadise utusane gusti Alloh, kang ketoto poro sohabate utusane gusti Alloh lan tabingin tabingihim, ngulama salaf lan ahli madzhab, kang ngumpulaken limang perkoro, ditekodaken ono ing ndalem ati, diucapaken ono ing lisan, ditandangi nganggo badan. Rupinipun limang perkoro : sewiji moco syahadat loro, kaping pindo sholat limang wektu ingndalem sedina sa’wengine kelawan netepi syarat rukune, kaping telu zakat fitrah kelawan netepi syarat rukune, kaping papat puoso wulan romadon kelawan netepi syarat rukune, kaping lima haji maring baitulloh, kelawan netepi syarat rukune.
Agama Islam mau penggaweane wong ngéngér maring gusti Alloh. Kito putro wayah Adam, rumongso ngéngér, rumongso dadi kawulo. Dengere yen kito rumongso ngéngér dadi kawulo, kerono kito rumongso digawe lan rumongso dicukupi, yoiku didadeake ono ing wetenge biyunge, dibabarake, diparingi rizqi powan soko biyunge, mundak-mundak gede, manggon ono ing bumine gusti Alloh, mangan pepanganane gusti Alloh, ngombe banyune gusti Alloh, nyandang sesandangane gusti Alloh, ngalap padang srengenge, rembulan, lintang, lan liya-liyane, kabeh iku kagungane gusti Alloh.
Tetep kito ngéngér, tetep kito dadi kawulo. Patrapané wong ngéngér dadi kawulo, nyambut gawé manut tata hukumé pangéran kang dingéngéri. Kito bakal bali ketemu pangéran kang dingéngéri. Yén kito wis nyambut gawé bener, manut tata hukumé pangéran kang dingéngéri, ora didukani, didawuih nganggur, manggon ono ing panggonan kang kepénak, énak, bungah, seneng, rejo, mulyo sa’lawase, yoiku sing jeneng suwargo.
Yén kito ora nyambut gawé bener, ora manut tata hukumé pangeran kang dingengeri, bakal bali ketemu pangeran kang dingengeri, didukani, didawuih manggon ono ing panggonan kang loro, rekoso sa’lawas lawase, yoiku sing jeneng Neroko.
Ing saréhning agama Islam mau kumpulé limang perkoro, kang dingin moco syahadat loro; tegesé nekséni anané gusti Alloh lan utusané gusti Alloh. Yén mengkono wau wiwit wajib ipun tiyang mukallaf puniko ma’rifat dateng gusti Alloh lan dateng utusané gusti Alloh.
Ingkang nami ma’rifat puniko i’tikod ingkang kukuh, ingkang cocok kawontenanipun, ingkang dipun tékodaken, ingkang medal saking dalil pemanggiéh ponco ndriyo. Ma’rifat mau tembung ngarob, coro jawinipun nyumerapi dateng gusti Alloh, lan dateng utusanipun gusti Alloh, kelawan nganggo peningaling manah, ingkang medal saking dalil pemanggiéh ponco ndriyo.
Ing saréhning wiwit wajib ipun tiyang mukallaf puniko ma’rifat dateng gusti Alloh, lan dateng utusanipun gusti Alloh. Yén mekaten kulo inggih nyumerapi ingkang nami gusti Alloh puniko dzat setunggal, mesti wontenipun, ketetepan sifat sempurno, mboten kekirangan, mboten kénging dipun koyo-koyo, mboten rupo, mboten werno, mboten kontho, mboten arah, mboten enggen, cekap kulo tékodaken wonten ing manah, kulo ucapaken ing lisan, kulo panggih, kulo raos nganggo peningaling manah kémawon, kulo lampahi ngangge badan.
Dalilipun saged kulo sumerapi, ingkang nami gusti Alloh puniko dzat setunggal, mesti wontenipun, ketetepan sifat sempurno, mboten kekirangan. Saking kulo pikir, kulo nalar, kulo tingali saking badan kulo pinyambak, lan sanés-sanésipun, rupinipun : bumi, langit lan saisinipun. Déné pemikir kulo, penalar kulo, saking badan kulo piyambak, mekaten kulo wau–waunipun mboten wonten, sa’puniko lajeng wonten. Mongko pundi–pundi perkawis ingkang wau–waunipun mboten wonten lajeng wonten dipun wastani perkawis énggal. Mongko pundi-pundi perkawis enggal mboten saged enggal piyambak, kedah wonten ingkang ngénggalaken. Déné ingkang ngénggalaken mesti kémawon mboten sami kelayan ingkang dipun énggalaken. Lah, inggih puniko ingkang ngénggalaken kulo ingkang nami gusti Alloh, dzat setunggal, mesti wontenipun, ketetepan sifat sempurna, mboten kekirangan.
Dalilipun malih saged kulo sumerapi, ingkang nami gusti Alloh puniko dzat setunggal, mesti wontenipun, ketetepan sifat sempurna, mboten kekirangan. Saking kulo pikir, kulo nalar, kulo tingali saking bumi langit sa’isinipun. Déné pemikir kulo, penalar kulo saking bumi saisinipun, mekaten bumi langit sa’isinipun kulo pikir–pikir nami perkawis énggal. Saged kulo sumerapi bumi langit sa’isinipun nami perkawis énggal, kerono kulo tingali ketetapan sifat énggal. Rupinipun sifat énggal : obah, meneng, lan owah-owah. Rupinipun owah-owah : siang, ndalu, padang, peteng, iyub, bentér, jawah, terang, andap, inggil, lan sanés-sanésipun. Sa’puniko kaleres meneng, ndalu, peteng, terang, katah tiyang ngaos, lan sanés-sanésnipun. Mongko pundit-pundi perkawis ingkang ketetepan sifat énggal inggih tumut énggal. Mongko pundi-pundi perkawis ingkang enggal mboten saget énggal piyambak, kedah wonten ingkang ngenggalaken. Dene ingkang ngenggalaken bumi langit sa’isinipun mesti mboten sami kelayan bumi langit saisinipun. Lah, inggih puniko ingkang ngenggalaken bumi langit sa’isinipun ingkang nami gusti Alloh, dzat setunggal, mesti wontenipun, ketetepan sifat sempurna, mboten kekirangan.
Kulo nyumerapi poro utusanipun gusti Alloh. Déné poro utusanipun gusti Alloh puniko Menungso jaler kang merdéko, kang sempurna kedadosanipun, ingkang mboten wonten celanipun, ingkang keparingan wahyu jali lan wahyu khofi. Déné gusti kulo, bendoro kulo, Nabi kulo, puniko kanjeng Nabi Muhammad SAW, kaleres putranipun Kyai ‘Abdulloh, wayahipun Kyai ‘Abdul Mutholib, Ibunipun Dewi Aminah, tedakipun bongso Quraisy. Kanjeng Nabi Muhammad dipun putraaken wonten Mekah, dangu-dangu ageng, sepuh , dados nabi, dados utusan, dipun utus mucal agami Islam wonten ing negari Mekah. Ingkang dipun wucal sedoyo jin lan menungso. Sagedipun wradin dipun tular-tular aken. Rumiyinipun mucal santrinipun ingkang nami shohabat, shohabat mucal santrinipun ingkang nami tabi’in, tabi’in mucal santrinipun ingkang nami tabi’ihim, tabi’ihim mucal santrinipun ingkang nami ‘ulama salaf, ‘ulama salaf mucal santrinipun ingkang nami ‘ulama kholaf, sa’teras-terasipun, mucal-mucalaken henggo sa’priki, dumugi ing ngriki panggonan, Pondok Pesantren Al-Ihya ‘Ulumaddin Kesugihan Cilacap / Pondok Pesantren Syamsul Huda Ciklapa Kedungreja Cilacap Jawa Tengah / lan sanés-sanésipun. Dangu-dangu kanjeng Nabi Muhammad pindah wonten ing negari Madinah, mucal agami Islam wonten ing Madinah. Dangu-dangu gerah, sedo, dipun saréaken wonten negari Madinah. Sa’sampunipun sedo mboten wonten Nabi utusan malih henggo dumugi sa’priki ngantos dinten kiamat. Dene wontenipun Nabi ‘Isa, mbenjang sa’caketipun dinten kiamat, namung nerasaken piwucalipun kanjeng Nabi Muhammad. Sa’sampunipun kulo sumerapi syahadat kalih, lajeng kulo nyumerapi ingkang nami sholat. Déné ingkang nami sholat punika pendamelanipun tiyang ngéngér maring Gusti Alloh. Lah inggih puniko pinten-pinten pengucap lan pinten-pinten pendamelan ingkang dipun penganggéni syarat rukun, ingkang dipun kawiti takbirotul ihrom, ingkang dipun pungkasi salam. Déné syarat wajib ipun sholat puniko wonten tigo : setunggal Islam, kaping kalih baligh, kaping tigo nggadaih ngakal.
Kulo sumerapi sifat-sifatipun gusti Alloh. Dene sifat-sifatipun gusti Alloh puniko kepérang dados tigo : setunggal sifat wajib, kaping kalih sifat mustahil, kaping tigo sifat jaiz. Déné sifat wajibipun gusti Alloh puniko mboten wonten telas-telasipun, muhalipun sa’monten ugi.
Déné ingkang dipun wajibaken nyumerapi saben-saben tiyang mukallaf puniko namung kalih doso, muhalipun inggih kalih doso, jaizipun setunggal.
Rupinipun sifat wajib kalih doso inggih puniko : (1) wujud, (2) qidam, (3) baqo, (4) mukholafatu lil-hawaditsi, (5) qiyamuhu ta’ala binafsihi, (6) wahdaniyah, (7) qudrot, (8) irodat, (9) ‘ilmu, (10) hayat, (11) sama’, (12) bashor, (13) kalam, (14) qodiron, (15) muridan, (16) ‘aliman, (17) hayyan, (18) sami’an, (19) bashiron, (20) mutakalliman. Muhalipun : (1) ‘adam, (2) huduts, (3) thuruwwul ‘adam, (4) mumatsalatu lil-hawaditsi, (5) al-la yakuna qoiman binafsihi, (6) al-la yakuna wahidan, (7) ‘ajzu, (8) ‘adamul irodat, (9) jahl, (10) maut, (11) shomam, (12) ‘ama, (13) bakam, (14) ‘ajizan, (15) ghoiro muridin, (16) jahilan, (17) mayyitan, (18) shomman, (19) ‘amman, (20) bakiman. Wajib wujud muhal ‘adam, wajib qidam muhal huduts, wajib baqo muhal thuruwwul ‘adam, wajib mukholafatu lil-hawaditsi muhal mumatsalatu lil-hawaditsi, wajib qiyamuhu binafsihi muhal al-la yakuna qoiman binafsihi, wajib wahdaniyah muhal al-la yakuna wahidan, wajib qudrot muhal ‘ajzu, wajib irodat muhal ‘adamul irodat, wajib ‘ilmu muhal jahlu, wajib hayat muhal maut, wajib sama’ muhal shomam, wajib bashor muhal ‘ama, wajib kalam muhal bakam, wajib qodiron muhal ‘ajizan, wajib muridan muhal ghoiro muridin, wajib ‘aliman muhal jahilan, wajib hayyan muhal mayyitan, wajib sami’an muhal shomman, wajib bashiron muhal ‘amman, wajib mutakalliman muhal bakiman.
Wajib wujud muhal ‘adam, tegesipun mesti gusti Alloh wonten, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh mboten wonten. Wajib qidam muhal huduts, tegesipun mesti gusti Alloh dingin tanpo kawitan, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh anyar. Wajib baqo muhal thuruwul ‘adam, tegesipun mesti gusti Alloh langgeng tanpo pungkasan, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh kenging rusak. Wajib mukholafatu lil-hawaditsi muhal mumatsalatu lil-hawaditsi, tegesipun mesti gusti Alloh bénten kelayan perkawis énggal, mboten pinanggih ngakal yén gusti Alloh sami kelayan perkawis énggal. Wajib qiyamuhu binafsihi muhal al-la yakuna qoiman binafsihi, tegesipun mesti gusti Alloh jumeneng piyambak, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh mboten jumeneng piyambak. Ingkang nami jumeneng piyambak puniko mboten dipun damel dzat sanés utowo tumémpél dzat sanés. Wajib wahdaniyah muhal al-la yakuna wahidan, tegesipun mesti gusti Alloh setunggal, mboten pinanggih ngakal yén gusti Alloh mboten setunggal. Ingkang nami setunggaling gusti Alloh puniko mboten wewicalan kalih utawi tigo, utawi langkung katah, lan mboten kesusun-susun dzatipun lan sifatipun. Wajib qudrot muhal ‘ajzu, tegesipun mesti gusti Alloh kuoso, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh apes. Wajib irodat muhal ‘adamul irodat, tegesipun mesti gusti Alloh kerso, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh kesereng. Wajib ‘ilmu muhal jahlu, tegesipun mesti gusti Alloh ngudaneni, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh bodo. Wajib hayat muhal maut, tegesipun mesti gusti Alloh gesang, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh sedo. Wajib sama’ muhal shomam, tegesipun mesti gusti Alloh midanget, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh tuli. Wajib bashor muhal ‘ama, tegesipun mesti gusti Alloh ningali, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh wuto. Wajib kalam muhal bakam, tegesipun mesti gusti Alloh ngendiko, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh bisu. Wajib qodiron muhal ‘ajizan, tegesipun mesti gusti Alloh dzat ingkang kuoso, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh dzat inkang apes. Wajib muridan muhal ghoiro muridin, tegesipun mesti gusti Alloh dzat ingkang kerso, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh dzat ingkang kesereng. Wajib ‘aliman muhal jahilan, tegesipun mesti gusti Alloh dzat ingkang ngudaneni, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh dzat ingkang bodo. Wajib hayyan muhal mayyitan, tegesipun mesti gusti Alloh dzat ingkang gesang, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh dzat ingkang sedo. Wajib sami’an muhal shomman, tegesipun mesti gusti Alloh dzat ingkang midanget, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh dzat ingkang tuli. Wajib bashiron muhal ‘amman, tegesipun mesti gusti Alloh dzat ingkang ningali, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh dzat ingkang wuto. Wajib mutakalliman muhal bakiman, tegesipun mesti gusti Alloh dzat ingkang ngendiko, mboten pinanggih ngakal yén gusti Alloh dzat ingkang bisu.
Kulo nyumerapi sifat jaiz ipun gusti Alloh. Déné sifat jaiz ipun gusti Alloh puniko wonten setunggal, pang ipun wonten sekawan, dados gangsal. Muhalipun jaiz inggih gangsal. Rupinipun sifat jaiz setunggal : fi’lu wa tarku, pang ipun ‘adam ta’tsir bil-quwwah, ‘adam ta’tsir bith-thob’i, hudutsul ‘alam biasrihi, yaf’alul asy-yaa’a la lighordin. Muhalipun wujubul-fi’li wat-tarki, ta’tsir bil-quwwah, ta’tsir bith-thob’i, qidamul-‘alam biasrihi, yaf’alul ays-yaa’a lighordin. Jaiz fi’lu wa tarku muhal wujubul fi’li wa tarki, tegesipun kenging-kenging kemawon gusti Alloh damel ngalam utawi tinggal damel ngalam, mboten pinanggih ngakal yén gusti Alloh wajib damel ngalam utawi wajib tinggal damel ngalam. ‘Adam ta’tsir bil-quwwah, muhal ta’tsir bil-quwwah, tegesipun mboten wonten setunggaling ngalam ingkang saged ngelabeti kelawan kekiyatanipun piyambak, mboten pinanggih ngakal yén setunggaling ngalam saged ngelabeti kelawan kekiyatanipun piyambak. ‘Adam ta’tsir bith-thob’i muhal ta’tsir bith-thob’i, tegesipun mboten wonten setunggalipun ngalam ingkang saged ngelabeti kelawan watekipun piyambak, mboten pinanggih ngakal yén setunggaling ngalam saged ngelabeti kelawan watekipun piyambak. Hudutsul-‘alam biasrihi muhal qidamul-‘alam biasrihi, tegesipun anyar sedodyonipun ngalam, mboten pinanggih ngakal yen sedoyo ngalam dingin tanpo kawitan. Yaf’alul asy-yaa’a la lighordin muhal yaf-alul asy-yaa’a lighordin, tegesipun gusti Alloh damel ing pinten-pineten perkawis mboten wonten pengarahipun, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh damel pinten-pinten perkawis wonten pengarahipun.
Kulo nyumerapi sifat wajibipun poro Rosul. Dene sifat wajibipun poro Rosul puniko wonten tigo, muhalipun wonten tigo. Rupinipun sifat wajib tigo puniko : (1) shidiq, (2) amanah, (3) tabligh. Muhalipun inggih tigo, rupinipun : (1) kidzib, (2) khiyanat, (3) kitman. Wajib shidiq muhal kidzib, tegesipun mesti temen poro utusanipun gusti Alloh, mboten pinanggih ngakal yén goroh poro utusanipun gusti Alloh. Wajib amanah muhal khiyanat, tegesipun mesti pinercoyo poro utusanipun gusti Alloh, mboten pinanggih ngakal yén cidro poro utusanipun gusti Alloh. Wajib tabligh muhal kitman, tegesipun mesti nekaaké poro utusanipun gusti Alloh, mboten pinanggih ngakal yén ngumpet poro utusanipun gusti Alloh. Sifat jaizipun poro Rosul puniko wonten setunggal, muhalipun jaiz ugi setunggal. Rupinipun jaiz setunggal puniko : wenang ketetepan sifat a’rodlul basyariyyah, tegesipun kenging-kenging kemawon poro Rosul ketetepan sifat bongso menungso, kadosto : dahar, ngunjuk, kromo putro, tetindakan, tetumbasan, lujeng, gerah, sédo, lan sanés-sanés ipun. Muhal yén poro Rosul ketetepan sifat uluhiyyah, tegesipun mboten pinanggih ngakal yén poro Rosul keketepan sifat bongso kepengéranan, kadosto : damel ngalam kelawan mawi kekiyatanipun piyambak utawi ngehaki dipun sembah.
Pengucap مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ اللهِ puniko nglebetaken iman sekawan. Inggih meniko : (1) ngimanaken poro Nabi, (2) ngimanaken poro Malaikat, (3) ngimanaken kitab bongso langit, (4) ngimanaken dino akhir.
Jumlahipun mu’taqod ingkang dipun wajib aken nyumerapi saben-saben tiyang mukallaf puniko wonten séket utawi sewidak kalih, inggih puniko sifat wajibipun gusti Alloh kalih doso, muhalipun inggih kalih doso, jaizipun setunggal, muhalipun inggih setunggal, dados kalih. Kalih lan sekawan doso wonten kawan doso kalih. Lah inggih puniko ingkang sa’jatosipun sifat wajib, mustahil, jaizipun gusti Alloh. Sifat wajib ipun poro Rosul tigo, muhalipun tigo, dados nenem, jaizipun setunggal, muhalipun jaiz setunggal, dados kalih. Kalih lan nenem wonten walu. Lah inggih meniko ingkang sa’jatosipun sifat wajib, mustahil, jaiz ipun poro Rosul. Walu lan sekawan doso kalih wonten seket. Lah inggih meniko jumlahipun mu’taqod ingkang dipun wajib aken nyumerapi saben-saben tiyang mukallaf wonten séket, ingkang mlebet wonten pengucap لآ الهَ إِلاَّ الله مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ الله. Sagedipun mlebet sewidak kalih kerono ngepangaken sifat jaizipun gusti Alloh sekawan, muhalipun inggih sekawan. Sekawan lan sekawan wonten walu. Pengucap مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ الله puniko nglebetaken iman sekawan. Sekawan lan walu wonten kalih welas. Kalih welas lan séket wonten sewidak kalih. Lah inggih puniko jumlah ipun mu’taqod ingkang dipun wajibaken nyumerapi saben-saben tiyang mukallaf ingkang sewidak kalih, ingkang mlebet wonten ing pengucap لآ الهَ إِلاَّ الله مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ الله.
Sagedipun mlebet krono ningali pengucap لآ الهَ إِلاَّ الله, ing ngriki wonten lafal Alloh ingkang asmanipun dzat ingkang ketetepan sifat uluhiyyah. Sifat uluhiyyah anggadaih makna kalih: (1) istighnaul-ilaahi ‘an kulli ma siwahu; tegesipiun semugieh Alloh, andoh saking saben-saben barang kang sa’liyane Alloh. (2) iftiqoru kulli ma ‘adaahu ilaihi, tegesipun karepe saben-saben barang kang sa’liyane Alloh, karep maring Alloh.
Ma siwahu puniko nggadaih ngibarot gangsal : (1) ngibarot fa’il, (2) ngibarot mahal, (3) ngibarot maf’ul, (4) ngibarot mukammil, (5) ngibarot wasithoh. Ma siwahu ingkang ngibarot fa’il nglebetaken mu’taqod sifat wajibipun gusti Alloh kelima sigar, muhalipun inggih kelima sigar. Rupinipun sifat wajib kelima sigar inggih puniko : (1) wujud, (2) qidam, (3) baqo, (4) mukholafatu lil-hawaditsi, (5) qiyamuhu binafsihi. Sa’sigar inggih puniko ingkang makna : la yaftaqiru ilal-faa’ili, tegesipun gusti Alloh mboten karep dateng ingkang ndadeaken. Muhalipun : (1) ‘adam, (2) huduts, (3) thuruwwul ‘adam, (4) mumatsalatu lil-hawaditsi, (5) al-la yakuna qoiman binafsihi, sa’sigar ingkang makna yaftaqiru ilal-faa’ili. Kelima sigar lan kelima sigar dados wonten songo. Ma siwahu ingkang ngibarot mahal nglebetaken sifat wajib ipun gusti Alloh sa’sigar, muhalipun inggih sa’sigar. Rupinipun mu’taqod sifat wajibipun gusti Alloh sa’sigar : qiyamuhu binafsihi, sa’sigar ingkang makna la yaftaqiru ila mahallin, muhalipun sa’sigar ingkang makna yaftaqiru ila mahallin. Sa’sigar lan sa’sigar dados wonten setunggal. Setunggal lan songo dados wonten sedoso. Ma siwahu ingkang ngibarot maf’ul nglebetaken sifat wajibipun gusti Alloh songo, muhalipun songo. Rupinipun sifat wajibipun gusti Alloh songo inggih puniko : (1) wahdaniyyah, (2) qudrot, (3) irodat, (4) ‘ilmu, (5) hayat, (6) qodiron, (7) muridan, (8) ‘aliman, (9) hayyan. Muhalipun : (1) al-la yakuna wahidan, (2) ‘ajzu, (3) ‘adamul irodat, (4) jahlu, (5) maut, (6) ‘ajizan, (7) ghoiro muridin, (8) jahilan, (9) mayyitan. Songo lan songo dados wonten walulas, lan sedoso dados walu likur. Ma siwahu ngibarot mukammmil nglebetaken sifat wajibipun gusti Alloh nenem, muhalipun inggih nenem. Rupinipun sifat wajibipun gusti Alloh nenem inggih puniko : (1) sama’, (2) bashor, (3) kalam, (4) sami’an, (5) bashiron, (6) mutakalliman. Muhalipun : (1) shomam, (2) ‘ama, (3) bakam, (4) shomman, (5) ‘amman, (6) bakiman. Nenem lan nenem wonten kalih welas, lan walu likur dados wonten kawan doso. Ma siwahu ngibarot wasithoh nglebetaken sifat jaizipun gusti Alloh setunggal, pangipun sekawan, dados gangsal, muhalipun inggih gangsal. Rupinipun mu’taqod sifat jaiz ipun gusti Alloh setunggal puniko fi’lu wa tarku. Pang ipun ‘adam ta’tsir bil-quwwah, ‘adam ta’tsir bith-thob’i, hudutsul-‘alam biasrihi, yaf’alul asy-ya’a la lighordin. Muhalipun wujubul fi’li wa tarki, ta’tsir bil-quwwah, ta’tsir bith-thob’i, qidamul-‘alam biasrihi, yaf’alul asy-ya’a lighordin. Gangsal lan gangsal dados sedoso. Sedoso lan kawan doso dados wonten séket. Lan inggih puniko mu’taqod seket ingkang mlebet wonten ing pengucap لآ الهَ إِلاَّ الله.
Pengucap مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ الله nglebetaken mu’taqod kalih welas. Sagedipun mlebet kerono ningali pengucap مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ الله, tegesipun kanjeng nabi Muhammad meniko dados utusanipun gusti Alloh. Ing mongko sedoyo utusanipun gusti Alloh meniko kagungan sifat wajib tigo, muhalipun inggih tigo. Rupinipun wajib tigo inggih puniko : (1) shidiq, (2) amanah, (3) tabligh. Muhalipun : (1) kidzib, (2) khiyanat, (3) kitman. Jaizipun poro Rosul puniko wonten setunggal, muhalipun jaiz inggih setunggal, wenang ketekanan sifat a’rodlul basyariyyah, muhal ketekanan sifat uluhiyyah. Setunggal lan setunggal dados wonten kalih, kalih lan nenem dados wonten walu. Pengucap مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ الله nglebetaken iman sekawan : (1) ngimanaken poro nabi, (2) ngimanaken poro malaikat, (3) ngimanaken kitab bongso langit, (4) ngimanaken dino akhir. Sekawan lan walu dados wonten kalih welas. Puniko mu’taqod kalih welas ingkang mlebet wonten ing pengucap مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ الله. Kalih welas lan seket wonten sewidak kalih. Lah inggih puniko jumlahipun mu’taqod sewidak kalih ingkang dipun wajibaken nyumerapi saben-saben tiyang mukallaf ingkang mlebet ing pengucap:
لآ الهَ إِلاَّ الله مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ اللهُ